100+ Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 10 dan Jawabannya I Part 1

Hallo sobat semuanya pada artikel kali ini admin akan berbagi informasi mengenai 100+ Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 10 dan Jawabannya I Part 1 kepada anda semuanya.

Silahkan simak di bawah ini :


1. Ana ing serat Wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku….

A. Kawicaksanan sejati

B. Pemimpin teladan

C. Tumindak ngati-ati

D. Rasa sukur marang Gusti Allah

E. Sopan santun

Jawaban : E


2. Guru lagu lan guru wilangane tembang pangkur yaiku….

A. 8a, 11i, 8a,7a, 12u, 8a, 8i

B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,8i

C. 8u, 11a, 8u, 7a,12u, 8a, 8i

D. 8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

E. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i

Jawaban : B


3. Tembang macapat kang ora klebu ing serat wedhatama yaiku ….

A. Pangkur 

B. Sinom 

C. Pocung 

D. Gambuh 

E. Dhandhanggula 

Jawaban : E


4. Pupuh pangkur ing serat Wedhatama dumadi saka …. Pada.

A. 12

B. 13

C. 14

D. 15

E. 16

Jawaban : C


5. Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku ….

A. Kawicaksanan sejati

B. Pemimpin teladan

C. Tumindak ngati-ati

D. Rasa sukur marang Gusti Allah

E. Ngilmu kang sampurna

Jawaban : E


6. Pretelan ngisor iki kanggo mahsuli pitakonan nomer 6-8!

Nulung Sedulur

Sawise lulus MTs, Santo ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Santo ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah lan liya – liyane supaya kawruhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan urip. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing iseh tetep padha sekolah. Sanajan wes ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sinambung apek.

Santo saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut penemune Santo, tukang cukur kuwi dudu pegawean seng nistha nanging malah mulya. Awit saka ketrampilane dadi tukang cukur, wong dadi katon ngganteng. Santo miwiti usahane dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora butuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan uborampe liyane.

Kaya unen-unen Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Santo diridhani Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone padha jaluk tulung Santo supaya dicukur. Santo ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, among sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang jalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Santo. 

Wos surasane alenia kapisanwacan kasebut yaiku….

A. Lulus MTs, Santo ora bisa nerusake sekolah.

B. Santo bisa nerusake sekolah.

C. Santo bocah pinter lan pikirane maju.

D. Santo tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku.

E. Wong tuwane Santo ora duwe ragad

Jawaban : A


7. Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku ….

A. Dhuwite asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo bantu wong tuwane.

B. Awike saka katrampilan dadi tukang cukur, wong dadi katon ngganteng.

C. Tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya.

D. Santo miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe.

E. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane

Jawaban : B


8. Tegese ukara “ Sapa temen bakal tinemu” yaiku ….

A. Sapa seng gelem usaha bakal sugih

B. Sapa seng gelem usaha bakal kelakon sing dikarepake

C. Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake

D. Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe

E. Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe.

Jawaban : C


9. Aku sakluwarga nalika lelungan menyang kutha Solo bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal dak parani durung ngerti, mula ing dalan aku takon marang wong kang ngerti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku ….

A. Krama 

B. Krama alus

C. Krama andhap

D. Ngoko lugu

E. Ngoko alus

Jawaban : E


10. Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku sakelas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anak,  sepisan bae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo aruna yaiku ….

A. Krama

B. Krama alus

C. Krama andhap

D. Ngoko lugu

E. Ngoko alus

Jawaban : D


11. Kang mangaribawani (memengaruhi) dianggite sawijining cerkak saka unsur ekstrinsik iku antarane kaya ngisor iki, kajaba ….

A. Paraga 

B. Ekonomi 

C. Agama 

D. Social 

E. pendhidhikan

Jawaban : A


12. paraga iku kaperang dadi telu, dene paraga mungsuh iku uga diarani ….

A. Anatagonis 

B. Protagonist 

C. Tritagonis 

D. Artagonis 

E. Sastragonis 

Jawaban : A


13. Alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse yaiku alur ….

A. Campuran  

B. Maju 

C. Mundur 

D. Alur/plot 

E. Kabeh wangsulan bener

Jawaban : B


14. Gambaran papan kedadeyan, wektu lan swasana uga diarani ….

A. Latar 

B. Bloking 

C. Alayar 

D. Kelir 

E. Babak 

Jawaban : A


15. Pawarta kang ditunjokke kanggo umum, kang surasane menehi pangerten tumprap sawijining prastawa diarani….

A. Layang

B. Wara-wara 

C. Majalah 

D. Selebaran 

E. Pawarta

Jawaban : B

  • Selanjutnya : 100+ Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 10 dan Jawabannya I Part 2 

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel