100+ Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 10 dan Jawabannya I Part 2

Hallo sobat semuanya pada artikel kali ini admin akan berbagi informasi mengenai 100+ Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 10 dan Jawabannya I Part 2 kepada anda semuanya.

Silahkan simak di bawah ini :


16. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani….

A. Brosur 

B. Majalah 

C. Lelayu 

D. Iklan 

E. Ulem

Jawaban : C


17. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani….. 

A. Brosur 

B.  Majalah 

C.  Lelayu 

D. Pawarta 

E. Iklan

Jawaban : E


18. Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakon diarani …. 

A. Sayembara 

B. Majalah 

C. Lelayu 

D. Iklan 

E. Pawarta

Jawaban : A


19. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara, kejaba…. 

A. Titi mangsa 

B. Peprenahan 

C. Surasa basa 

D. Angle 

E. Purwaka basa

Jawaban : D


20. Wacana ing ngisor iki!

Wara-wara

Kanggo para siswa kang tak tresnani, Gegayutan karo dina dumadine SMK Negeri 1 Kedawung, pamong pengetan dina klairan sekolah arep nganakake pagelaran seni. 

Kanggo ngregengake pagelaran seni mau, saben kelas diwajibake urun kiprahe kanggo ngisi pagelaran mau. Amrih ora dumpyuk karo kelas liya, mula saben kelas enggal paring palapuran jinising seni kanga arep digelar marang Bapak A. Sartono minangka pamong adicara,telat-telate tanggal 7 Desember 2018.

 Wasana muga-muga dadekake kawigatene kanggo para siswa.

 Kepala sekolah,

Drs. Lubis Isa, M.pd.


Wosing Wara-wara ing ndhuwur…. 

A. Dina klairane sekolah 

B. Printah marang siswa supaya urun pagelaran seni 

C. Palapuran pagelaran seni 

D. Dina klairan kabupaten sragen 

E. Dina klairan kepala sekolah

Jawaban : B


21. Lapuran sawijining kedadeyan /perkara kang diaturake kanthi cetha lan rikat marang wong akeh arane… 

A. Wara-wara 

B. Sesorah 

C. Pawarta 

D. Nawala 

E. Ulem

Jawaban : A


22. Pawarta asale saka tembung warta kang tegese…. 

A. Berita 

B. Layang 

C. Tulisan 

D. Kabar 

E. Surat 

Jawaban : D


23. Kang ora klebu jinising karangan yaiku…. 

A. Narasi 

B. Persuasi 

C. Ekstemporan 

D. Deskripsi 

E. Esktensif

Jawaban : C


24. Karangan kang duweni ancas menehi pangaribawa diarani… 

A. Narasi 

B. Persuasi 

C. Eksposisi 

D. Deskripsi 

E. Ekstensif

Jawaban : B


25. Karangan deskripsi yaiku …. 

A. Gancaran kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan wektu 

B. Karangan isine menehi katrangan salah sijine topik  utawa masalah kanggo menehi informasi utawa kabar marang wong kang padha maca 

C. Karangan kang isine ngandharake sawijining pendapat/gagasan/ide ngenani bab apa bae dikantheni alasan/bukti seng kuat, supaya sing padha maca percaya marang penemune penulis mau 

D. Karangan isine menehi katrangan lan informasi utawa kabar 

E. Karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang apa bae    

Jawaban : E


26. Kang sepisan ditindakake kanggo penulis karangan deskriptif yaiku…. 

A. Gawe salam pembuka 

B. Nemtokake bab kang arep ditulis 

C. Wawancara marang sadhengah pawongan 

D. Gawe salam panutup 

E. Nemtokake karangan 

Jawaban : B


27. Kang diandharake ana ing wacan deskriptif yaiku… 

A. Ngandharake sawijining pendapat 

B. Ngandharake informasi 

C. Ngandharake kahanan 

D. Ngandharake proses 

E. Ngandharake papan

Jawaban : C


28. Syarate paragrap kang becik kudu duweni kohesi kang tegese….

A. Ukara pokoke kudu mapan ana ngarep

B. Duweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka wujude

C. Kabeh ukara nyengkuyung topic

D. Ora nyambung siji lan sijine

E. Basa rancu

Jawaban : B


29. Paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani….

A. Deduktif 

B. Induktif

C. Deskriptif

D. Ineratif

E. Ekstensif

Jawaban : A


30.  Wacana ing ngisor iki!

Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepingin nemu kedadean sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadean sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni kedadean ora nyenangake adate banjur diarani cilaka.

Wacan kasebut kalebu tuladha paragraph….

A. Deduktif 

B. Induktif

C. Deskriptif

D. Ineratif

E. Ekstensif

Jawaban : A

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel